Langsung ke konten utama

Ciung Wanara



Irah-Irahan : Ciung Wanara


Penulis : D. H. Sunjaya


Penerbit : Kharisma







Ana siji kerajan sing makmur banget, nduwe jeneng Kerajan Galih Pakunan. Dipanggedheni karo sawong raja nduwe jeneng Raden Barma Wijaya Kusuma sing bijaksana. Raja nduweni loro wong permaisuri, dheweke Dewi Naganingrum lan Dewi Pengreyep. Ning ing mubarang dina, kapindho permaisuri iku meteng ing wektu sing barengan. Nganti beberapa wektu wektu lumaku, Dewi Pengreyep bayen bayi luwih dhisik, dheweke bayen bayi laki-laki sing tampan banget lan diwehi jeneng Hariangbanga. Sakwise beberapa dina, Dewi Naganingrum pun bayen sawong bayi sing ora kalah tampan saka Hariangbanga.
                    Dewi Pengreyep ora dhemen karo kelairan bayi Dewi Naganingrum lan nyusun rencana ala, kabeh isi kerajan gempar amarga ilange bayi saka Dewi Naganingrum. Raja merintahake sang patih kanggo mateni Dewi Naganingrum ning tengah alas, patih ora tega mateni Dewi Naganingrum, dheweke nggawe rencana yen saarep-arep permaisuri wis dipatenine. Bayi Dewi Naganingrum sing dibuwang, ditemokake karo sapasang bojo sing wis tuwa lan wektu terus lumaku, bayi kuwi wis tumbuh dadi pemuda sing tampan lan gagah rupawan lan diwenehi jeneng Ciung Wanara. Dheweke pengen pisan mengembara menyang Galih Pakunan, sadurung mangkat, Ciung Wanara takon marang bapak lan ibuk angkat e, sapa sabenere wong tuwa kandunge, wong tuwa angkat Ciung ngandhani menawa bapak kandung e yaiku Raja Galih Pakunan lan simboke yaiku Dewi Naganingrum sing wis dibuwang ning alas.
                    Mangkata Ciung Wanara menyang Galih Pakunan, dheweke nggawa pitik lanangan kedemenen. Satekane ning kana, Ciung Wanara nantang pitik duwe raja kanggo diadu. Raja ngiyani. Yen pitik Ciung Wanara mumpang, mula raja arep ngewenehake separuh kerjane, lan ing akhire, pitik lanangan duwe raja kalah. Raja nepati ubayane marang Ciung Wanara lan nganggone karo Raden Hariangbanga. Nuli Ciung Wanara kedadeyan ngungkep piala Dewi Pengreyep. Ket wektu kuwi, kerajaan Galih mecah dadi loro. Ciung Wanara kedadeyan menjemput simbok kandunge neng alas, saiki dekne kabeh urip dadi siji.


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Roro Mendut

Irah-irahan : Roro Mendut Penulis : Y.B. Mangunwijaya Penerbit : PT. Gramedia Pustaka Utama Taun diterbitake : April, 2008 Roro Mendut yaiku budak rampasan sing nolak dipek garwa kaliyan Tumenggung Wiraguna amarga tresnane marang Pranacitra. Rara Mendut digedekake ing desa nelayan ing lor e pantai Jawa, dheweke nyelot gedhe nyelot dadi prawan sing trengginas lan gak tau ragu kanggo nyuarakake isi pikiran e. Sosok e sing dianggep nyebal tatanan ing lingkungan istana ing endi wong wedok kudu nduweni sikap alus lan patuh. Tapi dheweke ora wedi kanggone, luwih becik nyambut ajal ing ujung keris e Tumenggung Wiraguna timbang dipeksa ngelayani nafsune panglima tuwa iku. Genduk Duku, sahabat e Rara Mendut sing ngewangi nerobos Benteng Keraton Mataram lan ngelarikake dhiri teko uberane Tumenggung Wiraguna. Sakwise kematiane Rara Mendut lan Pancacita, Genduk Duku dadi saksi perseteruan meneng-meneng antara Tumenggung Wiraguna lan Pangeran Aria Mataram, putra mahkota sing kelak...

Garuda Putih

Irah-irahan : Garuda Putih  Penulis : Suparto Brata Penerbit : Penerbit Narasi Yogyakarta Taun diterbitake : 2009 Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan.           Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya m...