Irah-irahan : Garuda Putih
Penulis : Suparto Brata
Penerbit : Penerbit Narasi Yogyakarta
Taun diterbitake : 2009
Garuda Putih yaiku
durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake.
Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi
buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika
gawe tindak kadurjanan.
Kadurjanan keri dewe
kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya
Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya,
dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa
njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih
ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet
hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya
ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing
toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan
dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes
ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah
sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes.
Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging
malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon
iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani
turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya
ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga
dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep
neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake
mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang
padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang
tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana
ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku
ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang
dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki
merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana
ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki
diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone
mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka
nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane
Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan
jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake
tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo
wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung
lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung
amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.
Alurnya apa
BalasHapusAlurnya apa kak
HapusUnsur instrinsiknya apa
BalasHapusUnsur intrinsik dan ekstrinsik nya apa kak
Hapus